Lirik Lagu Kalung Emas - Didi Kempot

14.38.00

Didi Kempot - Kalung Emas

kalung emas seng ono gulumu
saiki wis malih dadi biru
luntur koyo tresnamu
luntur koyo atimu
saiki kowe lali karo aku

kalung emas kuwi biyen tak tuku
tak pasrahke mung kanggo sliramu
gedhe roso tresnaku yo mung kanggo sliramu
ra nyono kowe lali karo aku

loro atiku atiku keloro-loro
rasane nganti tembus ning ndodo
nangesku iki mergo kowe sing njalari
kebangeten opo salahku iki
opo dosaku iki

kalung emas kuwi biyen tak tuku
tak pasrahke mung kanggo sliramu
gedhe roso tresnaku yo mung kanggo sliramu
ra nyono kowe lali karo aku

loro atiku atiku keloro-loro
rasane nganti tembus ning ndodo
nangesku iki mergo kowe sing njalari
kebangeten opo salahku iki
opo dosaku iki

Artikel Terkait

Previous
Next Post »